Jumat, 16 Maret 2012

Rerepen Pengantin Adat Jawa,Rerepen Kirab Kasatriyan

photo

Untuk mengiringi kirab kasatriyan pada upacara penganten adat jawa, biasanya dikumandangan kidungan atau rerepan. Berikut ini salah satu rerepan dengan tembang sekar sinom.
Rerepan Kangge Nyarengi Kirab Kasatriyan
Sekar Sinom
Mijil kang pindha narendra,
den garubyuk para cethi,
mancorong ponang wadana,
pindha Komajaya Ratih,
rinengga-rengga peni,
gawok ngungun kang handulu,
sinung prabawa maya,
hangadhang mulya sejati,
jroning driya asung pamuji Hyang Suksma.
Pamujine mengku brata,
meminta sihing Hyang Widhi,
satindak lan tandukira,
mugyantuk berkahing Gusti,
uga muna lan muni,
tinebihna salah dudu,
tinuntun budi tama,
pantes tinulad para janmi,
pindha nata gya salin agem satriya.
Hageman satriya tama,
pinhane sang Gunungsari,
iku kang temanten priya,
kang putri lir ragil kuning,
prasetya trus nyawiji,
mrih lestari runtut-atut,
ngesti mengkoni putra,
tali tresna jaman mangkin,
dwi kang putra wus cukup rengganing karma.
Tindake sang sinatriya,
kairing puji hastuti,
wiraga mengku prabawa,
mrabawani kang mriksani,
hamemayu sesame,
mahambeg satriya tuhu,
yeku trah Pancasila,
ngudi mulya lahir batin,
tansah eling waspada bakti mring praja.
Widada manggih yuwana,
sari kang pindha Narpati,
rineksa pra wredha mudha,
sumunar lir Dewa-Dewi,
kongsi kaki lan nini,
paminta kapranan kalbu,
amrih bisa sembada,
ing akhir manggih Swarga di,
wiji mulya kinarya ngrengga Nagara.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, sampun handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, subamanggala gya sung sasmita mring sri temanten nulya kalenggahaken wonten sasana adi, sang suba manggala sumawana para kadang Wandawa binger jroning wardaya karana wus bangkit hangentasi karya mulya wangsul mring papanira sowang-sowang nedya lerem salira kanthi suka pari suka sumangga nun nuwun.
REREPEN JENGKARING SUBA MANGGALA
Rerepan Dhandhanggula
Kangge Nyarengi Jengkaring Suba Manggala
Hanyarkara sinanggit memanis,
hangrumpaka pahargyan prasaja,
dahat edi sanyatane,
sinten kang nembe mantu,
hamiwaha atmajaneki,
mahargya marang putra,
ingkang sampun dhaup,
bapak ………………………….
sekalian kang hanggung tulus marsudi,
budayaning priyangga.
Wus manunggal keblat hanyawiji,
amrih bisa lestari widada,
Sri penganten sakarone,
jinangkung ing Hyang Agung,
saniskara ingkang kaesthi,
sembada kang sinedya,
jumbuh kang ginayuh,
guyub rukun ing bebrayan,
runtut atut tumekaning kaki lan nini,
manggiha bagya mulya.
REREPEN UPACARA SUNGKEMAN
Pada acara sungkeman oleh kedua calon mempelai kepada orang tua, biasanya dialunkan rerepan atau kidungan dhandhanggula.
Rerepan Dhandhanggula
Kangge Nyarengi Upacara Sungkem
Rama ibu kang luhuring budi,
Ingkang hangukir jiwa lan raga,
Kang agung pangurbanane,
Paring pituduh luhur,
Rina wengi tansah hangesthi,
Mrih rahayuning putra,
Lulus kang ginayuh,
Sadaya ribet rubeda,
Linambaran kanthi sabarang penggalih,
Tuhu pantes sinembah.
Kadya sinendhal rasaning ati,
Panyungkeme kang putra sayuga,
Tumetes deres waspane,
Tan kanawa jroning kalbu,
Ngondhok-ondhok rasaning galih,
Alon ngandikanira,
Dhuh angger putraku,
Sun tampa panyungkemira,
Muga-muga antuk barkahing hyang Widi,
Nggonira jejodhohan.
Piwelingku aja nganti lali,
Anggonira mbangun bale wisma,
Runtut atut sakarone,
Adohna tukar padu,
Tansah eling sabarang ati,
Kuwat nampa panandhang,
Tan gampang amutung,
Dadiya tepa tuladha,
Uripira migunani mring sesame,
Hayu-hayu pinanggya.

Sumber

Jangan Lupa Di Like...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar